Selasa

Arane Wektu Dina, Sasi Tahun lan Pasaran

 Kagem pengenget-enget kula aturaken sebatan wulan lan dinten Jawi, piyantun Jawi sampun ngantos ninggalaken Jawinipun.


A. Wulan utawi Sasi:

1. Wadana (Januari)

2. Wijangga (Februari)

3. Wiyana (Maret)

4. Widada (April)

5. Widarpa (Mei)

6. Wilapa (Juni)

7. Wahana (Juli)

8. Wanana (Agustus)

9. Wurana (September)

10. Wujana (Oktober)

11. Wujala (Nopember)

12. Warana (Desember)


B. Dinten:

1. Radite (Ahad)

2. Soma (Senin)

3. Hanggara (Selasa)

4. Buda (Rabu)

5. Respati (Kamis)

6. Sukra (Jumat)

7. Tumpak (Sabtu)


Neptunipun dinten:

1. Ahad     : 5 

2. Senin    : 4 

3. Selasa   : 3 

4. Rabu      : 7 

5. Kamis     : 8 

6. Jum'at   : 6 

7. Sabtu     : 9


C. PEKENAN/WETON*

1. Pon      =  *Palguna*

2. Wage   =  Cemengan. 

3. Kliwon =  Kasih

4. Legi     =  Manis 

5. Pahing = *Jenar*

D. Neptu Weton:

1. Pahing : 9 

2. Pon       : 7 

3. Wage    : 4 

4. Kliwon  : 8 

5. Legi       : 5

E. Arane Wuku

Sawuku umure seminggu, cacahe Wuku ana 30, yaiku :

1. Wuku Shinta

2. Wuku Landhep

3. Wuku Wukir

4. Wuku Kuranthil

5. Wuku Tolu

6. Wuku Gumbreng

7. Wuku Warigalit

8. Wuku Warigagung

9. Wuku Julungwangi

10. Wuku Sungsang

11. Wuku Galungan

12. Wuku Kuningan

13. Wuku Langkir

14. Wuku Arandhasiya

15. Wuku Julungpujut

16. Wuku Pahang

17. Wuku Kuruwelut

18. Wuku Marakeh

19. Wuku Tambir

20. Wuku Medhangkungan

21. Wuku Maktal

22. Wuku Wuye

23. Wuku Manakil

24. Wuku Prangbabat

25. Wuku Bala

26. Wuku Wungu

27. Wuku Wayang

28. Wuku Kulawu

29. Wuku Dhukut

30. Wuku Watugunung


F. Arane Sasi Masehi:

Januari, Februari, Maret, April, Mei, Juni, Juli, Agustus, September, Oktober, Nopember, Desember

G. Arane Sasi Jawa lan Sasi Arab

Sura : Muharam 

Sapar : Syafar 

Mulud : Rabiul awal 

Bakdamulud : Rabiul akhir 

Jumadilawal : Jumadil ula 

Jumadilakhir : Jumadiltsani 

Rejeb : Rajab 

Ruwah : Sya’ban 

Pasa : Ramadhan 

Sawal : Syawal 

Dulkaidah/sela/apit : Zulkaidah 

Besar : Zulhijah 

H. Arane Taun

Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jinakir

I. Arane Windu

Adi, Kuntara, Sangara, Sancaya

J. Arane Wilangan

Siji       = Eka

Loro     = Dwi

Telu      = Tri

Papat    = Catur

Lima      = Panca

Nem       = Sad

Pitu       = Sapta

Wolu      = Asta

Sanga    = Nawa

Sepuluh = Dasa

Satus    = Sata

Sewu     = Sasra

Sepuluh ewu = Saleksa

Satus ewu = Sakethi

Sayuta = Sayuta

K. Arane Wayah

Jam 03:00 : Wayah Fajar Sidik (Bang-Bang Wetan)

Jam 04:00 : Wayah Bedhug Subuh

Jam 05:00 : Wayah Saput Lemah

Jam 06:00 : Wayah Byar

Jam 09:00 : Wayah Tengange

Jam 10:00 : Wayah Wisan Gawe

Jam 12:00 : Wayah Bedhug

Jam 13:00 : Wayah Luhur

Jam 15:00 : Wayah Lingsir Kulon

Jam 16:00 : Wayah Asar

Jam 17:00 : Wayah Tunggang Gunung

Jam 17:30 : Wayah Tribalayu

Jam 18:30 : Wayah Surub/Candrikala

Jam 19:00 : Wayah Bakda Magrib

Jam 19:30 : Wayah Isya’

Jam 20:00 : Wayah Bakda Isya’

Jam 21:00 : Wayah Sirep Bocah

Jam 23:00 : Wayah Sirep Wong

Jam 24:00 : Wayah Tengah Wengi

Jam 01.00 : Wayah Lingsir Wengi

L. Arane Kiblat

Lor = Uttara

Kidul = Daksina

Wetan = Purwa

Kulon = Pracima

 

Mugi-mugi migunani, sinambi nguri-uri budhaya adiluhung kita, menawi kirang utawi lepat nyuwun koreksi, Matur nuwun

Monggo di renungaken.. lan di mengerti artinipun.